Wikipédia:Pendhapa

Le Havre (pocaping cara Prancis: [lə ɑvʁ]) inggih punika salah satunggaling kitha wonten ing Seine-Maritime departemèn ing Prancis saking Haute-Normandie wonten ing laladan Prancis. Le Havre mapan wonten ing Prancis sisih lèr radi ngilèn, wonten ing sisih tengen saking kali Seine ing English Channel. Le Havre punika laladan ingkang kathah piyambak populasinipun Komune Prancis wonten ing laladan Haute-Normandie, sanajan cacahipun warga ingkang kathah piyambak ing konurbasi La Havre inggih langkung sakedhik tinimbang cacahipun warga ing laladan Rouen. La Havre ugi dados suprefaktur ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis sasampunipun kitha Reims. Kitha punika ugi minangka kitha bisnis ingkang paling gayeng ing Prancis sasampunipun kitha Marseille.
Maos salajengipun ...- 1802 - Légion d'honneur dibentuk déning Napoleon Bonaparte.
- 1943 - Perang Donya II: Wasir Britania Raya Winston Churchill lan Présidhèn Amérika Sarékat Franklin D. Roosevelt mupakati 1 Mèi 1944 dadi tanggal pandharat ing Nurmandi.
- 1981 - Hamka mundur saka kalungguhan Lurah Majelis Ulama Indonesia.
- 1998 - Éwon mahasiswa Jakarta lan saubengé ngrebut Gedhong DPR/MPR.
- 2010 - Presidhèn Susilo Bambang Yudhoyono ndhapuk Agus Martowardojo nggantèkaké Sri Mulyani minangka Mantri Redana
