close
Menyang kontèn

Siput

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Siput/keong (Gastropoda)
Kalamangsa: Early Cambrian–Recent[1]
BERJAYA
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Mollusca
Klas: Gastropoda
Cuvier, 1797
Clades

"Paleozoic uncertain …"
"Basal taxa …"
clade Patellogastropoda
clade Vetigastropoda
clade Cocculiniformia
clade Neritimorpha
clade Caenogastropoda
clade Heterobranchia

Siput utawa keong yaiku jeneng umum kang diwenehaké kanggo anggota kelas moluska Gastropoda. Istilah iki artiné thothok amarga kéwan iki duwé thothok nggelung nalika wis gedhené. Manawa diartikaké kanthi arti kang luwih umum manèh artiné "Gastropoda", kaya ta siput lan siput bugil (siput kang ora duwé thothok, ning basa Jawa dikenal uga karo resrespo). Kelas Gastropoda iki ana ing urutan kaping loro paling akèh ning spésies anggotané sawisé Insecta (gegremet). Habitat, dhapuré, tingkahé, lan anatomi siput uga akèh bervariasiné kaya anggotané yaiku.

Siput bisa tinemu ning ngendi waé: kaya ta ing galeng, ning sawah nganti ara-ara, nganti ning njeroning laun kang jero banget. Akèh siput kang dadi kéwan laut, akèh uga kang dadi kéwan darat, banyu tawar, lan banyu payau. Akèh uga siput kang kagolong kéwan hèrbivor, meski ana uga siput kang urip ning darat utawa laut iku kagolong kéwan omnivora utawa karnivora predator. Tuladhané Gastropoda yaiku bekicot (Achatina fulica), siput kebun (Helix sp.), siput laut (Littorina sp.) lan siput banyu tawar (Limnaea sp.)

Siput duweni bab-bab unik sing nggawe beda karo kewan liyane. Bab-bab unik babagan siput yaiku:

  1. Siput duwe keprigelan regenerasi. Siput duwe keprigelan kanggo ngregenerasi awake sing ilang, utamane ing siput laut. Contone pirang-pirang jinis siput laut bisa nuwuhake bali awake kaya ta tentakel utawa bagean awak sing rusak utawa ilang. Amarga saka kuwi, siput bisa terus golek mangsa lan nerusake uripe.
  2. Siput duwe untu sing ora katon, yaiku 'radula'. Sanadyan duwe untu, siput duwe untu sing beda karo mamalia amarga siput kuwi kalebu moluska. Kanggo gantine, siput duwe piranti kanggo mamah sing diarani 'radula', yaiku pita sing isine ewon untu cilik-cilik (mikroskopis) sing digunakake kanggo ngalusake panganan kaya ta alga lan tanduran liyane. Radula asale saka kitin, bahan sing padha kaya thothok serangga. Sungsunane uga beda gumantung jinis siput lan panganane. Siput herbivora duwe radula sing alus, dene siput karnivora radulane landhep.
  3. Siput bisa mlaku kanthi cepet. Beda karo anggepan siput mlakune alon, ana siput sing mlakune cepet yen ana ing kahanan sing marakake kudu mlaku luwih cepet. Siput sing ana ing dharatan kaya ta siput taman bisa mlaku sing cepete nganti 0,013 meter per detik, sanadyan isih luwih alon tinimbang kewan liyane. Dene siput laut cepet alon mlakune gumantung kondhisi, kaya ta lagi golek mangsa, mlayu saka predhator, lan kahanan sakiwa tengene.
  4. Thothok siput saka kalsium karbonat. Bahan asal thothok siput saka kalsium karbonat sing mbentuk watu kapur lan thothok moluska liyane. Fungsine kanggo nglindhungi siput saka predhator lan ganguan liyane.

Rujukan

[besut | besut sumber]

https://rri.co.id/lain-lain/1187176/fakta-unik-siput-yang-jarang-diketahui

Pranala njaba

[besut | besut sumber]


  1. 'Latest Early Cambrian', per Wigati: Cithakan iki ({{cite doi}}) wis lawas. Saperlu nyitir terbitan sarana doi:10.1666/0022-3360(2002)076<0287:LECSSF>2.0.CO;2, anggonen waé {{cite journal}} kanthi wuwuhan |doi=10.1666/0022-3360(2002)076<0287:LECSSF>2.0.CO;2.