close
Menyang kontèn

Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 75.301 artikel
BERJAYA
Gapura Brandenburg

Gapura Brandenburg (Jerman: Brandenburger Tor) iku tilas gapura kutha kang dadi salah siji simbul utama Berlin, Jerman. Gapura Brandenburg iki papané ana ing antarané Pariser Platz lan Platz des 18. März lan dadi siji-sijiné gapura kanggo mlebu kutha Berlin kang isih ana tekan saiki. Gapura iki dalan mlebu monumèntal kanggo ngleboni Unter den Linden, dalan kang misuwur karo wité linden kang langsung nuju marang kedhaton ratu. Diusulaké déning Friedrich Wilhelm II kanggo dadi simbul perdamaian kang dibangun déning Carl Gotthard Langhans wiwit taun 1788 nganti tekan taun 1791.

Gapura Brandenburg iku kasusun saka rolas pilar Doria, enem ana ing saben sisihé, mbentuk limang lawang tumuju dalan gedhé. Para warga biasané mung diolèhaké nganggo bagéyan sisihé. Ing sandhuwuré gapura ana recané Quadriga, lan Viktoria, Dèwi Kamenangan Romawi kang nunggangi Quadriga. Désain saka gapura iki adhedhasar marang Propylaea, gapura kanggo mlebu ana ing Acropolis ing Athena, Yunani lan ana gegayutané karo sejarah Kutha Berlin jaman klasisisme arsitèktur (pisanan, Baroque, lan neo-Palladian). Gapura iki yaiku "Athena ing pinggir kali" pisanan déning arsitèk Karl Gotthard von Langhans. Quadriga digawé déning Johann Gottfried Schadow.

Waca sabanjure..

BERJAYA
Hip, Hip, Hurrah! iku lukisan lenga ing kanvas saka taun 1888 déning juru lukis Denmark Peder Severin Krøyer. Karya iki nuduhaké warna-warna anggota juru lukis Skagen, sawijiné grup seniman Dhènemarken, Nurwègen, lan Swèdhen sing nggawé komunitas sing longgar ing Skagen, ing pucuk lor Jutlandia, ing taun 1880-an lan awal 1890-an. Sumber: Peder Severin Krøyer; difoto déning Hossein Sehatlou.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 72.811 akun lan 75.301 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!